Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Wilujeng
siyang kagem sedayanipun. Bapak Pangarsa Pawiyatan Menengah Pertama
Negeri 4 Surakarta ingkang kinurmatan, Bapak tuwin Ibu Dwija SMPN 4
Surakarta, sarta sedaya sedherek sepuh kelas IX lan kanca kelas VII
tuwin VIII ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin, sumangga kula panjenegan sedaya muji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat sarta
hidayahipun, pramila kita saged wonten ngriki saperlu mahargya
perpisahan kelas IX siswa-siswi SMPN 4 Surakarta kanthi sehat wal
afiat.
Boten
kraos sampun tigang warsa kula sakanca sami sinau wonten ngriki. Kula
sampun pikantuk piwucal lan tuntutan ingkang kathah. Pramila, wonten
kalodhangan punika, kula sakanca badhe ngaturaken punuwun dhumateng
Bapa tuwin Ibu Dwija ingkang kanthi sabar sampun paring piwucal lan
tuntutan. Mugi- mugi kesaenan Bapa tuwin Ibu Dwija pikantuk piwales
saking Gusti Allah.
Boten
kesupen ugi kula sakanca nyuwun pangapunten menawi wonten ngriki
kathah kalepatan lan tindak tanduk ingkang boten sae.
Mugi-
mugi kanthi donga pangestipun saking Bapa tuwin Ibu Dwija, kula
sakanca saged pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pilihan kula
sakanca lan saged mujudaken punapa ingkang dados gegayuhan kula.
Sarta
kangge adhik- adhik kelas VII tuwin VIII sinaunipun ugi
dipuntingkataken supados pikantuk biji ingkang sae, sarta saged lulus
ugi kanthi biji ingkang sae.
Mekaten
atur kula. Menawi wonten kalepatan atur, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar